Pandhawa
Para
Pandhawa Lima (
basa Sansekreta:
Pañca Pāṇḍava) iku Prabu
Yudhistira,
Bima,
Arjuna,
Nakula lan
Sadewa.
Lima paraga iki turunané Prabu
Pandhu kang dadi
raja ing
Astina. Pandhu disepata dening dewa bakal mati yèn saresmi karo garwané. Pandhu nerjang wewaler lan banjur mati.
Dewi Madrim,
garwané, mèlu belapati, kamangka nalika iku lagi nggarbini. Nalika
suduk salira iku lair Nakula lan Sadewa kang kembar. Déné Yudhistira,
Bima lan Arjuna lair saka Dewi Kunti. Sadurunge karo Pandhu, Dewi Kunthi
nate nglairake bayi kang banjur diwenehi jeneng
Suryatmaja.
Pandhawa dadi satru
Kurawa ing
Bharatayudha. Dene, Suryatmaja melu Kurawa nglawan sedulur-sedulure dhewe.
Pandhawa ing budaya Jawa, mlebu wong-wong kang kudu diruwat. Yen ora di
ruwat bakal dipangan
Bathara Kala.
Silsilah
Pandhawa menika cacahipun gangsal sedherek, tiga antawisipun (
Yudistira,
Bima, lan
Arjuna) menika putra Pandu saking ibu
Kunti, dene (
Nakula lan
Sadewa) menika putra saking ibu
Madrim.
Panitisan
Miturut tradhisi
Hindu, Pandhawa menika panitisanipun dewa:
Puntadewa
Inggih punika Raja ing
Amarta utawi Indrapasta. Sawise perang
Bharatayuda Puntadewa dados raja ing
Astina
kanthi gelar Prabu Kalimataya. Puntadewa kagungan julukan antawisipun :
Darmawangsa, Darmakusuma ,Kantakapura, Gunatalikrama, Yudistira, lan
Sami Aji. Priyantung ingkang jujurr, sareh, suci, luhur, remen tinulung,
tresna tumrap tiyang sepuhipun saha njagi sederek-sedererekipun. Gadahi
pusaka kanthi aran
Jamus Kalimasada, ingkang paedahipun saged dados pituduh lan pinulung tumrap kesaenan lan kesejahteraan. Puntadewa gadah garwa kalih yaiku
Dewi Drupadi lan
Dewi Kuntulwilaten.
Bratasena
Nalika dewasa asmanipun Werkudara, inggih punika ksatria
Jodipati lan
Tanggulpamenang. Nate dados raja
Giliwesi
kanthi gelar Prabu Tuguwasesa. Kagungan julukan antawisipun : Bima,
Bayusutu, Dandun Wacana, Kusuma Waligita. Piyantun ingkang jujur, boten
gumedhe, suci, manut tumrap gurunipun (terutama Dewaruci)l, tresna
tumrap ibu saha sederekipun. Nalika perang gadah jargon “Menang, nalika
kalah berarti mati”. Panjenengane pantes dados panutan amargi kagungan
sifat kang jujur lan suci panggalihipun. Kagungan pusaka kanti aran Kuku
Pancanaka ing tangan kanan lan kiri migunani, kukuh sanget saha
landhep. Uga kagungan kekuatan gangsal angin, serta saged ngancuraken
gunung. Kagungan kalih prameswuri yaiku:
Arimbi dan
Nagagini. Kaliyan
Arimbi pikantuk putra yaiku
Gatotkaca, ingkang saged mabur boten ngagem sewiwi. Saking
Nagagini angsal putra kanthi asma
Antasena
ingkang saged mlebet ing bumi lan kagungan kuwasa ing samodra.
Bratasena nalika lair kabungkus. Lan ingkang saged nyowek bungkusan wau
yaiky Gajah Situ Seno. Nalika samanten
Gajah Situ Seno mlebet ing raganupin Bratasena, saengga kagungan kekuatan luar biasa lan saged nyowek bungkusan wau.
Arjuna
Inggih punika Ksatria
Madukara, raja
Tinjomaya
ugi. Kagungan julukan ingkang kathah antawisipun : Janaka, Parta,
Panduputra, Kumbawali, Margana, Kuntadi, Indratanaya, Prabu Kariti,
Palgunadi, Dananjaya. Priyantung ingkang remen lung tinulung, remen
tapabrata, cerdik lan pinter, ahli ing kabudayan lan kesenian. Arjuna
inggin punika ksatria ingkang sekti mandraguna. Kekasining para Dewa,
panjalmaning
Dewa Wisnu.
Kagungan gawra ingkang kathah kamangkan kagungan julukan “Lelananging
jagad”, kagungan paras ingkang gagah lan boten wonten tandhingane.
Prameswarinipun ing Arcapada yaiku
Wara Sumbadra dan
Wara Srikandi.
Lan prameswari ingkang sanesipun inggih punika Rarasati, Sulastri,
Gandawati, Ulupi, Maeswara, lsp. Ing Jonggrang Saloka panjenengane gadah
prameswari inggih punika
Dewi Supraba,
Dewi Dersanala inggih punika widodari ing
Tinjomaya. Priyantun ingkang kagungan watak ksatria, luhur budinipun, remen lung tinulung, sarta demenaning para Dewa.
Nakula
Inggih punika putra kapapat
Prabu Pandu Dewanata kaliyan
Dewi Madrim ingkang lair sesarengan kaliyan
Sadewa. Rama lan ibunipun tilar donya nalika penjenengane tasih alit. Mangka penjenengane dipunrawat dening
Dewi Kunti kanthi boten mbenten-bentenaken. Sawise perang
Bharatayuda Nakula lan
Sadewa dados raja ing
Mandraka kaliyan
Sadewa. Kagungan julukan Raden Pinten.
Nakula prigel ing pertanian. Nalika perang
Bharatayuda, panjenengane ingkang saged ngluluhaken manahipun
Prabu Salya. Sebab
Prabu Salya tasih sederekipun
Dewi Madrim, lan sejatina panjenengane tansah sarujuk ing kabecikan Pandhawa. Mangka
Prabu Salya maringi pirsa tumrap
Nakula lan
Sadewa dene ingkang saged ngalahaken panjenengane inggih punika
Puntadewa, sebab
Puntadewa kagungan getih pethak.
Sadewa
Putra kaping gangalipun
Prabu Pandhu kaliyan
Dewi Madrim, dilairaken sesarengan kaliyan
Nakula. Sawise perang
Bharatayuda dados raja ing
Mandraka sareng kaliya
Nakula. Nalika alit kagungan asma Raden Tangsem. Prigel babagan peternakan. Kagungan prameswari
Endang Sadarmi, putrinipun
Begawan Tembangpetra pertapa ing
Parangalas, kagungan putra kanthi asma
Sabekti’.
No comments:
Post a Comment